Senin, 13 November 2017

Latihan Soal PAS Kelas XI nomor 1-25



LATIHAN SOAL PAS BASA JAWI KELAS XI

SMT 1/2017/2018
 
1.    Teknik sesorah ingkang paling sae dipun ginakaken nalika sesorah inggih menika...
a.    Dadakan                         d. ekstemporan
b.    Apalan                           e. maos
c.    Naskah

2.    Ingkang boten kalebu ancas (tujuan) dipuntindakaken sesorah inggih menika ...
a.    Atur pambagya
b.    Atur kabar utawa informasi
c.    Aweh panglipur
d.    Pangajak
e.    Nudhuhake kabisan marang liyan

3.    (1) uluk salam,
(2) atur raos syukur,
(3) atur pakurmatan,
(4) isi wigatining atur,
(5) salam panutup
(6) dudutan/simpulan
(7) pangajak/pangarep-arep
(8) ukara pambuka
Urutan sesorah ingkang leres inggih menika ...
a.    (1) (8) (3) (4) (2) (6) (7) (5)
b.    (1) (8) (2) (6) (4) (7) (7) (5)
c.    (1) (8) (3) (6) (4) (2) (7) (5)
d.    (1) (8) (3) (4) (1) (2) (6) (7)
e.    (1) (8) (3) (2) (4) (6) (7) (5)

4.    Ingkang boten kalemu perangane sesorah inggih menika ...
a.    Purwaka                         d. panutup
b.    Isi                                   e. katrangan
c.    Pangajak

5.    Atur raos syukur menika kalebu perangan sesorah bagian ...
a.    Purwaka                         d. dudutan
b.    Wosing isi                      e. katrangan
c.    Panutup

6.    Pangajak utawa pangarep-arep menika kalebu perangan sesorah bagian ...
a.    Purwaka                         d. dudutan
b.    Wosing isi                      e. panutup
c.    Katrangan

Wacan kangge soal nomor 7-9!
Sumangga kula dherekaken ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Asih awit paringipun kabagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya.

7.    Adhedhasar pratelan teks sesorah ing nginggil, tembung ‘kabagaswarasan’ ngemu teges …
a.    Karawuhan                     d. kinurmatan
b.    Kaendahan                     e. kawontenan
c.    Kaslametan       
  
8.    Pratelan teks sesorah ing nggil dipunsebat minangka ...
a.    Atur salam                      d. wosing wicara
b.    Atur pambuka                e. panutup
c.    Atur raos syukur

9.        Ukara ingkang surasanipun sami kaliyan teks ing nginggil inggih menika ...
a.    Bapak ibu ingkang winantu ing suka basuki
b.    Cekap semanten atur kula mbok bilih wonten kalepatan kula nyuwun pangapura
c.    Dinten ibu menika mingangka dinten nasional
d.    Mekaten ingkang saged kula aturaken
e.    Mangga sami-sami ngaturaken puji syukur dhateng Gusti ingkang Maha Tunggal         

10.    Undheraning rembag ingkang kababar ing sesorah dipunsebut minangka…
a.       Salam                            d. dudutan      
b.      Wosing gati/wicara        e. panutup
c.       Atur pangapunten

Wacan kangge soal nomor 11-13!

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten galap gangsuling atur kiranging subasita lan tata krami kula nyuwun agunging samudra mangaksami.

11.    Adhedhasar teks sesorah ing nginggil tembung ‘agunging samudra pangaksami’ ngemu teges....
a.         Nyuwun pangapura     
b.        Nyuwun samudra
c.         Nyuwun banyu
d.        Nyuwun ngunjuk
e.         Nyuwun sare

12.    Adhedhasar teks sesorah ing nginggil tembung ‘wasana’ ngemu teges....
a.       Wiwitan                        d. pinggire
b.      Akhire                           e. tengene
c.       Tengahe

13.    Pratelan teks sesorah ing nggil dipunsebat minangka ...
a.    Atur pakurmatan           
b.    Atur raos syukur
c.    Atur pambuka
d.    Wosing gati/wicara
e.    Atur pangapunten

14.    Bapak Kepala Sekolah SMA PGRI 1 Pati ingkang satuhu kinurmatan, bapak ibu guru saha karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah bagya mulya.
Pratelan teks sesorah ing nggil dipunsebat minangka ...
a.    Atur pakurmatan           
b.    Atur raos syukur
c.    Atur pambuka
d.    Wosing gati/wicara
e.    Atur pangapunten

15.    Ukara ingkang trep kagem pambuka inggih menika ...
a.    Mekaten ingkang saged kula aturaken
b.    Wasana, mugi rahayu tansah pinanggihan
c.    Nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kalepatan
d.    Katentreman mugi tansah tumedhak kagem panjenengan sedaya waradin sagung dumadi
e.    Bapak Kepala Sekolah SMA PGRI 1 Pati

16.              Semanten ugi kita sampun sumerap raos susahipun ingkang dipunraosaken kaliyan kaum ibu wekdal mbobotipun ngantos lahir ugi ngrumat ngantos kula lan panjenengan sedaya dados manungsa ingkang becik lan mangertos sejatosipun gesang.
Pratelan teks sesorah ing nggil dipunsebat minangka ...
a.    Atur pakurmatan           
b.    Atur raos syukur
c.    Atur pambuka
d.    Wosing gati/wicara
e.    Atur pangapunten

Wacan kangge soal nomor 17-18!
Pak Parmin menika tiyang ingkang remen nguja kasenengane larenipun. Namung kangge nyenengake, larenipun ditumbasake sepedha montor ngantos dipunrewangi nyade lemah.

17.    Parikan kang jumbuh kaliyan pratelan ing nginggil inggih menika...
a.    Ning Pasar Mungkid tuku wader, dadi murid kudu pinter.
b.    Bumiayu kuthane gedhe, ben rahayu sekabehane
c.    Jarik lurik weton Purbalingga, luwih becik sibg prasaja
d.    Wajik klethik gula Jawa, kalah dhisik ora papa
e.    Saron bumbung ditabuh ing ara-ara, mumpung enom sregep makarya

18.    Adhedhasar parikan ing nginggil, tembung ‘makarya’ tembung sanese inggih menika ...
a.    Mangan sega                  d. mangku tangan
b.    Mapan turu                     e. nyambut gawe
c.    Ngrewangi bapak ibu

Wacan kangge soal nomor 19-20!
Bibi Surip tuku klobot
Pethuk encik tawa roti
Uwong urip panci abot
Luwih becik ngati-ati

19.    Adhedhasar parikan ing nginggil, ingkang kalebet bebuka inggih menika...
a.    Gatra 4 lan 5                  d. gatra 1 lan 4
b.    Gatra 1 lan 2                  e. gatra 1 lan 5
c.    Gatra 1 lan 3

20.    Adhedhasar parikan ing nginggil, ingkang kalebet wos/isi inggih menika...
a.    Gatra 4 lan 5                  d. gatra 1 lan
b.    Gatra 1 lan 2                  e. gatra 1 lan
c.    Gatra 1 lan 3

21.    Nyangking ember kiwa tengen,...
Ukara kang trep kangge njangkepi parikan ing nginggil inggil menika...
a.       Dadi murid kudu pinter
b.      Lungguh jejer nggo tamba kangen
c.       Luwih becik sing prasaja
d.      Wong urip aja neka-neka
e.       Mumpung enom sregep makarya

22.    Unen-unen utawa tetembungan kang saemper cangkriman, nanging batanganipun (wangsulan) sampun dipunkandhakake. Anggonipun ngandhakake boten ngantos melok, jelas utawi cetha dipunwastani ...
a.       Paribasan                     d. parikan
b.      Unen-unen                   e. cangkriman
c.       Wangsalan
23.    Dadi siswa kudu nggegulang  ing kabecikan. Wangsalan kang trep kaliyan tembung kabecikan inggih menika ...
a.       Isi duren          d. kembang kacang
b.      Isi duren          e. isi sawo
c.       Wit gedhang
24.    Wengi iki langit ngedap-edapi. Sumebar lintang kang nengsemake ati. Soroting mbulan nambahi endahe wengi iki. Padhang njingglang kaya rina. Kaya soroting sang bagaskara.
Adhedhasar wacan ing nginggil kang kalebet purwakanthi guru swara inggih menika ...
a.       Ngedap-edapi 
b.      Nengsemake ati
c.       Padhang njingglang
d.      Soroting mbulan
e.       Sang bagaskara
25.    Wayah esuk wancine budhal sekolah, udan kok saya deres. Gelem ora gelem aku kudu budhal. Mula aku banjur kudhungan patung tumuju menyang halte bis. Biyasane lete angkutan sing liwat mung sepuluh menit, nanging iki wis limalas menit durung ana sing liwat.
Wangsalan kang trep kangge njlentrehake kahanan ing nginggil inggih menika...
a.    Pitik walik saba kebon
b.    Mrica kecut sauni-unine
c.    Njangan gori bisa gawe judheg
d.    Njanur gunur kadingaren
e.    Nyaron bumbung gawe cengklungen

1 komentar: