Minggu, 05 Februari 2017

Cerita Rakyat Sendhang Sani Pati



Sendhang Sani

            Kawuningana bilih sunan menika ulama ingkang saben wekdalipun tansah enget dhumateng Gusti Allah, pakaryanipun namung ngaos, mucal ajaran agami kangge para muridipun. Gandheng panjenengane menika tansah caket kaliyan Gusti Allah pamila sunan klebet tiyang ingkang panyuwunanipun asring dipunpinangkani utawi dipunijabahi dening Gusti Allah. Salah setunggalipun sunan paraga salebetipun cariyos inggih menika Sunan Bonang.
            Kacariyos Sunan Bonang saking Jawi Wetan badhe tindak wonten padhepokanipun Sunan Muria ingkang mapan ing Gunung Muria. Wekdal nembe dumugi tlatah Pati sampun ndungkap wanci sholat dhuhur. Kanjeng Sunan Bonang  lajeng dhawuh dhumateng pandherekipun ingkang cacahipun wonten kalih, supados ngupadi sumber toya kanggo wudlu. “ Ayo, Le! Ndang dhuhur sek. Merga wis wektune sholat dhuhur. Ora kena ngulur wektu.” Dhawuhe Kanjeng Sunan Bonang dhumateng pandherekipun. “ Nggih, Rama. Lha wudlunipun kados pundi, Rama?.” Ucap pandherekipun Kanjeng Sunan Bonang, amarga boten wonten toya kagem wudlu. “ Iki tekenku gawanen. Goleka papan sumber banyu sing cedhak karo uwit sing gedhe. Mengko yen rampung sholat ben bisa ngaso sisan.” Kanjeng Sunan Bonang kaliyan ngaturaken tekenipun. “ Sendhika dhawuh, Rama.” Wangsulanipun pandherekipun Kanjeng Sunan Bonang. Kanjeng Sunan Bonang maringaken tekenipun utawi tongkat dhumateng pandherek kalawau kaliyan nyuwun menawi pados papan sumber toya ingkang caket uwit ageng saengga sasampunipun sholat mangke saged sumene/ngaso sawatawis wonten ngandhap uwit menika.
            Mboten antawis dangu pandherekipun sampun pikantuk uwit ageng saha hawanipun asrep. Ing ngriku pandherek kalawau lajeng nancepake tekenipun Kanjeng Sunan wonten ngandha uwit ageng. Maak jleb... sasmpunipun dipuncabut saking siti, ngedalaken toya ingkang resik tur bening. “ Waahh seger tenan ya banyune. Banyune resik tur bening enak nek dienggo ngobe karo adus.” Ucap satunggaling pandherek kalawau. “ iya, banget suegere banyu iki. Aku dadi pengen kungkum wae.” Wangsulane pandherek ingkang setunggal malih. Pandherek kalawau supe dhawuhipun Kanjeng Sunan Bonang bilih kedah enggal-enggal matur menawi pikantuk sumber toya. Kepara nyata pendherek kalih kalawau malah nginum tya bening kaliyan adhus kanthi suka-suka ngantos wekdal sholat dhuhur badhe telas. Sunan Bonang mboten jenjem penggalihipun, awit wekdal Sholat Dhuhur badhe telas dene pandherekipun dereng matur. “ muridku mau padha ning ngendi ya, ya. Kamangka wektu sholat meh entek.” Kanjeng Sunan Bonang kaliyan mlaku ngalor-ngidul. Pramila Sunan Bonang sumusul saha madosi pandherekipun kekalih. Dumugi papan ngriku malah kekalihipun sami  suka-suka adus. Pirsa kawontenan mekaten, Sunan Bonang ngendika bilih pandherekipun menika dados bulus. “ eee... jebul awakmu ana kene. Merga awakmu ora ngugemi apa sing tak prentahke saiki awakmu dadi bulus.” Ngendikanipun Sunan Bonang kaliyan duka. Gusti Allah ngijabahi pangandikanipun sunan, pramila sanalika pandherekipun salin wujud dados bulus ingkang cacahipun kalih.
            Pandherek kekalih nyumerepi badanipun sampun ewah dados bulus, mila muwun/nangis nyuwun dipunwangsulaken wujudipun dados manungsa. Kekalihipun nyuwun pangapunten dhumateng Sunan Bonang. “ Lhohh, kenapa iki awakku? Rama, kula nyuwun pangapunten, kula supe, Rama. Kula luput, Rama. Rama nyuwun pangapunten wanguslaken wujudipun kula dados manungsa malih, Rama. Nyuwun pangapunten, Rama boten kula ambali malih.” Pandherekipun nyuwun pangapunten kanthi nangis-nangis lan sujud. Sunan Bonang sampun paring pangapunten ananging Gusti Allah sampun dhawahaken pesthi. Bulus kalih wau tetep wujud bulus ngantos samenika. Toya ingkang kathah mblabar wonten ngandhap uwit ageng kalawau dados sendhang. Ing ngriku dipun tenggani bulus cacah kalih ingkang asalipun pandherekipun Kanjeng Sunan Bonang. “ Jane aku wis paring pangapura karo awakmu, nangis Gusti duwe karep liya. Ya wis, aku arep mbacutake lakuku menyang Sunan Muria. Awakmu ning kene wae nunggoni sendhang.” Piweling Kanjeng Sunan Bonang. Kanjeng Sunan Bonang banjur nglajengaken lampahipun tumuju Gunung Muria. Kanjeng Sunan Bonang paring nami sendhang kalawau inggih menika Sendhang Sani saking tembung nyisani guru.